Selasa, 01 Oktober 2024

 

Jembatan Bocor

(pengalamanku)

Kepingin ngaruhke sedulur enom sing wis pindhah ana ing Kebumen, aku sakulawarga nyelake dolan. Mumpung sela kabeh. Ngiras pantes tilik sedulur sing bar lairan ana tlatah Ayah, Kebumen. Kanthi arahan rute sing dikirimke adiku lewat WA, aku semangat nlusur dalan kuwi. Wektu semono durung biasa nganggo google map. Pesen WA sing paling pungkasan unine, “mangke yen dumugi jembatan bocor, ngabari, nggih!”

Aku lan mas bojo yakin dalan sing tak liwati wis bener. Mung kepikiran, yen jembatane bocor terus kepiye. Apa iso diliwati, apa ora? Kok, adiku ora menehi solusi apike kepiye? Yen dadak methuk kan malah ngrepotke. Topik iki sing dadi bahan omongan ing jero mobil karo inceng-inceng dalan, mbok menawa nemu jembatan bocor. Ndilalah musim udan. Dalan mlebu kampung rada jeblok. Tambah kepikiran jembatan bocor. Was-was.

Kanggo mesteake, aku duwe pemikiran takon karo sawijining warga. Mobil mandheg, aku mudhun nyeraki pawongan setengah sepuh lagi lenggahan neng arep omah.

“Mbah, nyuwun pangapunten badhe nyuwun pirsa, sakcelakipun ngriki, jembatan ingkang bocor menika siring pundi, nggih? Menapa sampun celak saking ngriki?” pitakonku.

“Jembatan sing bocor, Ndhuk? Maksude kepiye? Neng kene ora ana jembatan sing bocor. Ngarep kana pancen ana jembatan, ananging ora bocor, kok.” Ngono  ngendikane simbah. Bareng tak wacakke jeneng dusun sing tak tuju, simbah nuli ngendikaake menawa dusun mau wis cedak. Aku didawuhi bablas wae nurut dalan kuwi. Kanthi rada bingung, aku mlebu mobil lan nyritakake apa sing dingendikaake simbah mau. Banjur nerusake laku

Bareng sawetara wektu, ing ngarep katon ana jembatan. Mas bojo dawuhi aku supaya ngabari adiku. Lagi wae pesen kekirim, eiit, mripatku weruh ana gedung SD ing sebelah tengen dalan, lan ana papan gedhe, tulisane “SD Negeri Bocor”  Oalah… jebul Bocor kuwi jeneng sakwijining desa ing Kabupaten Kebumen. Tiwas anggone mikir kejeron. Sak mobil ngguyu kabeh. Apa meneh nalika bisa ngliwati jembatan Bocor kanthi lancar. Ing sisih ngarep wis katon adiku nunggu arep mandhu rute sakteruse.

 



 

 

 

BIODATA PENULIS

NAMA                : SRI RAHAYU, S.Pd, M.PD.

UNIT KERJA        : SMP NEGERI 1 MLATI

ALAMAT             : SANGGRAHAN, TIRTOADI, MLATI SLEMAN, 55287

NO HP                : 0895378202678

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TERINSPIRASI KARYA SISWA 1.  https://www.canva.com/design/DAGwljICO_E/fkmIqGUHn9l8-Jx7hftsxQ/edit?utm_content=DAGwljICO_E&utm_campaign=d...